Wawancara yaiku nggolek informasi saka wong kang diarani narasumber. Anggone wawancara wong kang luwih tuwa kudu nggatekake tata kramane basa. Babagan kang perlu digatekake sadurunge nindakake wawancara, yaiku :
- Nemtokake topik wawancara
- Nemtokake tujuane ( informasi apa kang pengen digoleki )
- Nyiapke pitakon-pitakon
- Nemtokake sapa narasumbere
- Gawe janji karo narasumber, kapan lan ning papan ngendhi anggone ketemu kanggo wawancara ( amrih becik iku manut kabiasane narasumber ).
- Miwiti wawancara kanthi salam.
- Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguhing basa.
- Pandelengane tumuju marang narasumber.
- Aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulane " iya " utawa " ora ".
- Pungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber wis menehi informasi.
No comments:
Post a Comment
Silahkan Berkomentar Dengan Sopan Yang Sifatnya Dapat Membangun Kemajuan Blog Ini. Dan Tinggalkan Komentar Anda Bila Ada Link Yang Sudah Tidak Berfungsi.. Terimakasih...