Blog ini berisi kumpulan-kumpulan artikel, tips n trik, tutorial, iklan, dan lain-lain.


Pages

Sunday, January 20, 2013

  • Ancasane lan isi tanggap wacana utawa pidatho iku werna-werna ana kang kanggo menehi hiburan, wenehi informasi, utawa ajak-ajak marang kang ngrungokake supaya nindakake apa kang dikarepake pamicara.
Carane Pidhato
       Carane pidhato ana 4 yaiku :

   a) Maca naskah
       Pidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang serta lagu ukara ( intonasi ).

   b) Pidhato kanthi ngapalke
       Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato, yaiku kanthi cara nyawisake naskah ( teks ) banjur diapalake.

   c) Pidhato kanthi impromptu
       Pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga waktune compen nanging kanthi adedasar kapinteran, kawruh, lan pengalaman kagiyatan bisa ditindakake kanthi lancar.

   d) Pidhato kanthi cara ekstemporan
       Pidhato kanthi cara nganggo cathetan cilik kang isine cengkorongan karangan.

 Cengkorongan Sajroning Pidhato yaiku :

# Salam pambuka
# Purwaka basa ( atur pakurmatan, pangajak puja-puji, atur panuwun )
# Surasa basa, umpamane :
   - wedharan sawetara
   - wosing gati-wigatining perlu
# Pangarep-arep
# Wasana basa ( nyuwun pangapura ), umpamane :
   - Bab adicara
   - Bab solah bawa
   - Bab tata tembung
# Salam panutup

Semoga bermanfaat.....                                     

2 comments:

:)) :)] ;)) ;;) :D ;) :p :(( :) :( :X =(( :-o :-/ :-* :| 8-} ~x( :-t b-( :-L x( =)) :7 B-) :-S #:-S 7:) :(( :)) /:) O:-) :-B =; I-) 8-| L-) :-a :-$ [-( :O) 8- 2:-P (:| =P~ #-o =D7 :-SS @-) :^o :-w 7:P 2):) :-c :-h 8-7 X_X :!! \m/ :-q :-bd ^#(^ :ar!

Get Paid To Promote, Get Paid To Popup, Get Paid Display Banner
Selamat datang di dsedayu18, Terima kasih telah berkunjung di blogku.. Semoga blog ini bermanfaat bagi anda!!