- Saben sapadha kadadean saka 4 gatra.
- Purwakanthi swara (ab, ab).
- Gatra kapisan lan kapindho minangka sampiran ( purwika ).
- Gatra katelu lan kapapat isining parikan.
- Pedhotan 4 - 4/4 wanda + 4 wanda
- Ngasah arit, nganti landhep
dadi murid, kudu sregep
- Wajik klethik, gula jawa
kalah dhisik, ora papa
- Pedhotan 4 wanda + 4 wanda ( 4 - 8 )
- Kembang mlati
ngambar-ambar ngganda wangi
aja lali
ngaturake pangabekti
- Pedhotan 8 wanda + 8 wanda ( 8 + 8 )
* Jangan kacang jangan kara
kaduk uyah kurang gula
piwelingku marang para mudha
aja wedi ing rekasa
- Parikan bebas ( waton bebuka lan guru lagu )
# Rek nggambar kucing
kula ndherek wonten wingking
# Jambu apa jeruk
aku melu apa enthuk
Sekian, Semoga bermanfaat.....
No comments:
Post a Comment
Silahkan Berkomentar Dengan Sopan Yang Sifatnya Dapat Membangun Kemajuan Blog Ini. Dan Tinggalkan Komentar Anda Bila Ada Link Yang Sudah Tidak Berfungsi.. Terimakasih...